Jumat, 22 April 2016

ADAB ISTRI ATAS SUAMI



Adab istri atas Suami

Wengi iku kang Paijan lagi nuturi boje sing gak tau mangan tembok'e pesantren. ... Paijan lan Sariyem... .

Paijan; "Yem, tak kandani yo Yem... tapi, awakmu ojo nesu...!"
Sariyem; Iyo Kang.... aku arep dikandhani opo to...?? .
Paijan; Ngene yo Yem... Wong wadon iku kudune, .

1. Dawaamul hayaa'i min zaujihaa... Langgeng anggone isin karo sing lanang, lha kowe... jaman mbiyen pas manten anyar isinan, malu-malu... nisbate kudu ngentut ae diempet, isin karo aku, lha saiki, isinmu wis ilang, saiki awakmu wis ilang roso isin'e, ngentut yo prat-pret sak gelem-gelem...!! .

2. Wa Ghodl-dlu Thorfihaa Quddaamahu... Nang ngarepe wong lanang iku pantese ndingkluk, amrih nuduhno hormate... lha awakmu... di kandani malah ngajak duel karo mecicili aku...! .

3. Wath-thoo'atu li amrihii... Nurut karo printahe wong lanang, kejobo printah sing nerak syare'at, kowe kudu anut,Yem... lha awakmu, tak kongkon gawe kopi ae malah nyentak-nyentak aku... cincing-cincing jarik, karo muring-muring ngamuk ora ngurus perasaane aku, Yem... .

4. Wassukuutu 'inda kalaamihii... Nek wong lanang lagi ngomong, rungokno Yem... OJO malah wong lanang ngucap sekecap rong kecap awakmu mbales puluhan kecap... Aku ngomong rung rampung awakmu nek mbales koyo suarane mercon pas wulan poso. .

5. Walqiyaamu 'inda Quduumihii wa khuruujihii.... Nek wong lanang arep budal tindakan utowo lungo nyambut gawe, wong wadon kudu nganter tekan ngarep lawang, sinambi dongakno, umpamane sing lanang kundur, wong wadon kudu nyambut rawuhe wong lanang kanthi ajere rahi... lha awakmu... aku mangkat kerjo ora ngurus, aku teko kerjo, koe ya cuek...!! .

6. Wa 'ardlu nafsihaa lahu 'inda irodatin nauumi... Misalkan wong lanang arep nyare, melbu kamar, wong wadon kudune towo awakke.... ''ajheng ngersakke nopo mas...?'' lha awakmu... tak jak turu bareng ae wegah, luwih mentingke nonton sinetron lan pesbukan.... Ngeneku ora garing kasih sayang piye jal Yem...? .

7. Wa ta'ath-thuru... Koe mbok tuku minyak wangi, wong wadon iku kudu gae wewangen, ben sing lanang semangat tur tambah dèmèn. .

8. Wa ta'ahhuduha alfamma bilmiski wath-thoibi... Sikatan Yem... koe tak sawang-sawang kok yo jarang sikatan untu... syukur-syukur nganggo pengharum mulut ben aku tambah betah. .

9. Wa dawaamuz ziinati bikhudlrotihii wa tarkuhaa 'inda Ghoibatihii... Wong wadon iku kudu macak, nganggo pepaes menawane sing lanang nang omah, amrih nyenengke atine wong lanang, ninggal macak utowo pepaes menawane sing lanang ora nang umah, lha koe... aku nang umah malah nganggone ora genah karo rambute dawul-dawul koyo gendruwo mari lahiran... Pas arep budal arisan utowo kondangan nek macak moblong-moblong koyo ondel-ondel. .

10. Watarkul khiyaanati lahu... Ojo nyidrani tresnane wong lanang.... lha kowe... angger ono "Bronis" malah caper....!, Eling Yem, anakmu wes selikur, Diluk maneh yo arep duwe putu...!!" . Sariyem banjur nangis.... ngerangkul awake kang Paijan..... . Mendadak Sariyem sesenggukan minta maaf...

Related Posts:

  • 11 RUMAH YANG DIDATANGI MALAIKAT 11 RUMAH YANG DIDATANGI MALAIKAT Tak seorang muslim pun yang tidak menginginkan rumah mereka senantiasa dihadiri oleh para malaikat Allah dan dijauhkan dari setan. Kehadiran malaikat di rumah mereka akan melahirkan … Read More
  • CARA SUJUD SYAHWI Sujud sahwi adalah suatu istilah untuk dua sujud yang dikerjakan oleh orang yang shalat, fungsinya untuk menambah celah-celah yang kurang dalam shalatnya karena lupa.Faktor-faktor yang menyebabkan seseorang harus menge… Read More
  • KEAJAIBAN SHOLAT TAHAJJUD 12 KEAJAIBAN SHALAT TAHAJUD Bismillahirrahmanirrahim Assalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh SubhanAllah Alhamdulillah Allahu Akbar.. “Jika matahari sudah terbenam, aku gembira dengan datangnya malam dan manusia tidur… Read More
  • HUKUM ORAL SEKS DALAM ISLAM HUKUM ORAL SEKS DALAM ISLAM Pertama, Ketika masih bujangan beberapa tahun yang lalu, saya pernah membaca fatwa seorang ulama disebuah majalah islam, namanya Syaikh Ali Hasan Al-Halaby hafizhohulloh tentang hukum or… Read More
  • BOLEHKAH BERBICARA SAAT WUDHU Madzhab Malikiyah menegaskan dimakruhkannya berbicara tanpa dibutuhkan, yang isinya selain dzikir kepada Allah.  Sementara menurut madzhab Syafi'iyah, Hanafiyah, dan Hambali, berbicara ketika wudhu di luar kebu… Read More

0 komentar:

Posting Komentar

Mengaji Islam, Aplikasi Islam, Artikel Islam, Belajar Islam, Ensiklopedia Islam, Hukum Islam, Ilmu Islam, Islam Itu Benar, Makalah Agama Islam, Situs Islam, Tentang Islam